Sabtu, 07 Januari 2012

Lirik ROTRA - Kulonuwun




[Radjapati]



Yeah  Rotra,
yeah rotra radjapati,
yeah ah.. back again,
yeah ah ah yo yo.

Derek langkung, nyuwun sewu jaluk dongo lan restu, ji ro lu !
Aku tak nyobo melu mlebu,
Nek ora entuk mengko tak gajul matamu, prek su !

Cobo rungokno opo sing tak kandakno,
Nek ora seneng kono kowe do minggato,
Aku ra ngurus kowe ngomong opo rasah do kemlinthi, aku ra wedi

Jare wis ra sudi, kok isih ngrasani,
Konco-konco sing arep do mulai gapi
Arep mbok arani aku, aku yo karepmu, pihakmu,
Mangsamu nyothik apik dewe ngono po su !

Radjapati ra tau wedi, ngadepi sesumbar musuh sing sajak digirisi
Opo doo ra ngerti yen neng kene ono mc, sing ra tau mati,
Gulowentah hip-hop tekan saiki, yo

Iki gotro sing ongko siji
Soko aku rasah dho meri
Melu rotra kabeh ra bakal rugi, aku ra ngapusi

Ayo dadi siji, ngadepi musuh-musuh sing soyo kemaki,
Mugi gusti ngapurani, kawulo alit sing kebak dosa iki
Yo ki Ageng Gantas gek ndhang di brantas wis soyo panas,
Sumonggo kerso dipun babat tuntas

[Ki Ageng Gantas]

Yeah...
Kulonuwun kulo bade nglantun
Ngagem tembang saking lebheting manah
Sampun kakean polah, Monggo sami jumangkah
Sami nyelak mboten pareng ribut mengkih ndak dawah,

Sumonggo sami mireng, nanging kedhah sing anteng, lho kok anteng??
Pun, monggo sami jumeneng, sumonggo sareng-sareng

Kalian kulo lan sedoyo ingkang sawekisto
Wonten dinten meniko, mboten pareng crah suloyo

Supadhos, kawontenan nacak tentrem, adem ayem, ati marem, mesam mesem lan sumringah ugi bungah
Menawi mboten pitadhos kulo aturi minggat
Sedoyo ingkang ten mriki saget tumindak nekat

Lholilo, madyo kulo, bolo sampun sumadyo
Matah kaji, gaman sami dipun nunut sing ngarso
Menawi mekaten monggo sinten badhe ngendiko
Kulo ki Ageng Gantas sampun cekap atur wicoro.

Ah.... rotra,
yeah Radjapati,
ki Ageng gantas, brantas tuntas...


Keterangan : Kata yang berwarna merah adalah kata yang masih samar (aji-aji pengawuran). Jika ada yang keliru dan anda tahu, mohon kritik atau sarannya di kotak komentar.

Minggu, 01 Januari 2012

Gambar KILL THE DJ & ANTO ROTRA by MEMED™

Asal-alsalan gambar pake coreldraw dan jadilah gambar seperti ini. Karena sangat menggemari tokoh hip-hop yang ini. KILL THE DJ menurut saya karyanya sangat hebat dan keren, pemilihan katanya bagus banget, pokok e keren deh..
ANTO ROTRA a.k.a Ki Ageng Gantas menurut saya dia sangat keren saat nge-rap yang cepet banget itu lho.. keren abiisss !!! . Bukan cuma itu , semua grup hip-hop dari Jogja (Yogyakarta) emang bagus, tak ada yang biasa, semua luar biasa.



HAHAHAHA gambar amatiran siiihhh hehehhe

Senin, 26 Desember 2011

Lirik Gangsta Gapi (mbayar SPP) - JAHANAM ft ROTRA

Dadi bocah ojo mung,
Mabuk wae ra mikir,
Bapak ibune le nyambut gawe
X4

Wis seprene kudu wis wayahe  mbayar SPP,
Murid liane wis do mbayar gari dewek'e
Bali neng ngomah matur karo bapak ibune
Jaluk duwit go mbayar SPP critane

Direwangi besengut rai no ro mrengut
Jaluk duwit, atine ro gresulo
Kudu nek ra mbayar mengko yo di D.O
Pasan etuk duwit e lha malah koyo ngono,

Lha piye to dasare bocah ra toto
Duwit SPP malah go mabuk ro konco-konco
Ra mikir wong tuo le nggolek ngati ngoyo,
Nganti ngelus dodo utang tonggo-tonggo


Dadi bocah ojo mung,
Mabuk wae ra mikir,

Bapak ibune le nyambut gawe X4

Mabuk wae kuwi wis pancen gaweane,
Ragate urunan, ngompasi, jalukki konco-kancane,
Nek perlu duwit SPP di nggo mundut ciuuuuuuu
Ra mikir wong tuo le nggolek money.. money.. money..

Ketewung bocahe rodo suwung,
Ora ngurus we dijak ngomong ra tau nyambung,
Wis nek sekolah mbolosan, ora tau sinau
Ono pelajaran malah weee ditinggal turu

Ra gagas, ra mikir ono bu guru,
Gurune nesu-nesu, banjur di kon metu
Batine bocahe malahan... asik tenan... ra melu pelajaran
Mending bolos wae malah kepenak
Sekolah ra dadi ati mergane ora genah,
Walah le kowe arep dadi opo,
Nek arep tumindak ngiwo malah mesakke wong tuo
eman-eman le ngek i kempong


Dadi bocah ojo mung, 
Mabuk wae ra mikir,
Bapak ibune le nyambut gawe X4

Waw waw waw ki piyaw kepiye,
Rotra, Jahanam kumpul bareng neng kene,
Melu prihatin nyawang kahanane,
Bocah saiki cen ra umum nakale,

Mesakke wong tuo nyambut gawe rekoso,
Tumindak culiko mbok yo dipikir dhowo
Rasah neko-neko urip sing prasojo,
Nek ora ngugu awas mengko ciloko

Saiki cobo sing wis ngragati,
Rupa-rupamu wiwit seko bayi,
Nek mung dinengke kowe ra mbejaji,
Mulane dapurmu rasah dho kemaki.

Bocah ragenah sabane malah do marahi kabeh susah,
Karepe kabeh sing ngalah, karepe kabeh sing salah
.............................................................................?
.............................................................................?



Dadi bocah ojo mung, 
Mabuk wae ra mikir,
Bapak ibune le nyambut gawe X4


==================================================================
Keterangan :
Untuk titik-titik berwarna biru di atas adalah kata-kata yang belum diketahui, karena lirik ini hanya saya tulis yang setaunya saja soalnya nge-RAP nya cepet banget. Karena saya bukan pembuat lagunya. Jika ada yang tau silahkan komentar dikotak komentar yang sudah disediakan di bawah.





Jumat, 23 Desember 2011

Lirik G-Tribe_Jogo Parkiran




Jogo parkiran jogo sing tênanan
ojo ming golék bathi jalaran kahanan
jogo parkiran jogo sing tênanan
soyo akéh sing têko soyo ra aman

kêmrungsung, ra nduwè wêktu go siap-siap
mangan sêgo bar tibo nganti lambanè mêgap-mêgap
ramikir nganggo klambinè kuwalik njobo njêro
sepatunè sêlén karo sandal warnanè ijo

mlêbu mêtu sêko kamar bingung dèwè [dèwè]
nggolék dompét mêngko nggo wadah duitè [duitè]
dé’è mikir bêngi iki bakal ramè kêbak uwong
jogo parkir ning sêkatén golék duit sisan nongkrong

nggowo tali karo kayu nggo batês parkiran
nggolék bolo dinggo konco sisan jogo kêamanan
kanca-kancanè ra gêlêm, kanca ugo ra dibayari
(mi)suh-misuh ro rêmbugan (é)yél-éyélan sêtêngah modar.

ngalor ngidul ngulon ngéta
jogo parkir sêkaténan
ramè-ramè karo dolan
guyon ojo do kliwatan

Jogo parkiran jogo sing tênanan
ojo ming golék bathi jalaran kahanan
jogo parkiran jogo sing tênanan
soyo akéh sing têko soyo ra aman


kènè podo mrènè, parkir ning kènè waè
ngguya-ngguyu uwongè, soyo kêbak dompétè
pêndak dino critanè, soyo akéh duwitè
konco-kancanè sing ngèwangi nyadong njaluk jatahè

Bingung dèwè malah éthok-éthok lali [lali]
Karo janjinè jarè arêp mbayari [mbayari]
mangkêl nêsu jéngkél rumongso nék diapusi
saiki pènak-e piyè opo njaluk diantêmi
Kêmrungsung sing ngrubut cacahè aké
kêpêkso dé’è ngalah sing ngrubuti bayar kabèh


Jogo parkiran jogo sing tênanan
ojo ming golék bathi jalaran kahanan
jogo parkiran jogo sing tênanan
soyo akéh sing têko soyo ra aman

lha sidanè duwitè êntek gusis
kancanè sênêng-sênêng déwé’è imbas imbis
saiki déwé’è jogo parkiran dèwè
batinè sênêng waè, parkiranè tetep ramè

jarènè wis wêgah jogo parkir ngêjak bolo
ra sido bathi akéh malah mung èntuk tuno
luwih apik jogo dèwè, duwitè akéh sing mlêbu
rasah mikir ngêdompéti, malah mung maraknè ngêlu

ngalor ngidul ngulon ngétan
jogo parkir sêkaténan
ora njuk énak-énakan
ojo nganti kêcolongan


Jogo parkiran jogo sing tênanan
ojo ming golék bathi jalaran kahanan
jogo parkiran jogo sing tênanan
soyo akéh sing têko soyo ra aman

pancén uwis dasarè
ra tau bejo nasibè
wongè sak pénak-è dèwè
ngèl-angèl kandanè

sêkaténan rame bangêt
wong élék golèk pêluang
tunggu motor dudu ndé’è
dadi ojo nganti ilang

akéh.. bangêt..
motor sing kudu ditunggu
nganti.. mbêngi..
lè jogo ditinggal turu

Ono motor sing ilang
motore motor lanang
sing nduwè ora trimo, arêp mbacok nggo pêdang
Arêp mbacok rodo wêdi, sidanè mung ngantêmi

sing di tonyo bênjut-bênjut
ngêjak damai njur ngijoli

ngalor ngidul ngulon ngétan, jogo parkir sêkaténan
mulakno ojo tuman menyepelekan keadaan


Jogo parkiran jogo sing tênanan
ojo ming golék bathi jalaran kahanan
jogo parkiran jogo sing tênanan
soyo akéh sing têko soyo ra aman X4


Sumber : http://fathirhamdi.wordpress.com

Senin, 12 Desember 2011

Pengertian Graffiti

Grafiti (juga dieja graffity atau graffiti) adalah coretan-coretan pada dinding yang menggunakan komposisi warna, garis, bentuk, dan volume untuk menuliskan kata, simbol, atau kalimat tertentu. Alat yang digunakan pada masa kini biasanya cat semprot kaleng. Sebelum cat semprot tersedia, grafiti umumnya dibuat dengan sapuan cat menggunakan kuas atau kapur.

ShareThis