Sabtu, 10 Desember 2011

Lirik JAHANAM - Jula Juli Guru

 
 
 
 
 
Reff:
Aku ngelak tak ombeni ciu
Botole putih njerone biru
... Aku seneng dadi guru
Masio mendhem tetep digugu

Wadhuh2-dhuh-dhuh cek enake
Ciuku cap guru lan murid
Gajiku thitik mek dadi silit

Verse 1
Guru iku conto sing ditiru
Guru iku conto sing digugu
Budhal ngajar ojo nganti telat
Tingkah lakune jo ono sing keliru

Ilmune guru perlu ditingkatna
Senajan kesel kudu sregep maca
Saiki jamane wis maju berkembang
Guru ra oleh kesed ben ra ketinggalan

Guru iku wakile wong tuwa
Mula dipasrahi ndhidhik anak bisa dadi utama
Mula guru kudu ngadohi penggodha
Uripe kudu sacukupe, sederhana lan prasaja

Mula dulur elinga pepatah iki:
Guru kencing berdiri, murid kencing berlari
Iku artine, guru kudu tansah eling lan ati-ati
Ojo nganti dheke dhewe sing kencing berlari

Verse 2
Sekolahku adoh, hondaku tahun pitu lima
Disetater macet, eeh..kabulatore nggodha
Mula ku ra iso ora iso teko
Te’ng..pas jam pitu kurang lima

Aku wajib nagihi SPP muridku
Nek nganti telat diseneni pimpinanku
Neng anakku dhewe nangis nganti kaku
Mergo sekolahe durung tak bayar ping telu

Mbengi kudune ngoreksi, malah tak gawe nyambi
Ngojek neng jurusan Brebah Gendhingsari
Bali tekan bengi awak kesel njaluk prei
PR murid-muridku ra sido tak koreksi

Jare dadi guru panggilan mulia
Nek kanggoku, guru nasib sing rekoso
Nasibe wong cilik sing kudu sengsoro
Ra iso disingkiri mung kudu ditrima

Verse 3
Timbang mikir nasib susahe
Trima mendhem mbangane luwe
Ilmu ilang kesingsal-singsal
Aku miber neng awang-awang
Tambah bengi ora tambah sepi
Tambah anget tambah menari
Dadak teko rombongan pulisi
Ana gropyokan kabeh mlayu wedi

Aku mlayu sandhalku keri
Kesusu-susu malah nabrak pulisi
Aku kaget setengah mati
Pulisine malah tak rangkuli

Aku konangan nek guru negri
Guru kok mendhem, jare pak pulisi
Tak awur wae le ku nyauri
Sampeyan pulisi lha kok korupsi
==================================================================
Sumber : JHF FANS

1 komentar:

  1. ▷ Casino Site Review - LuckyClub.live
    As one of luckyclub.live the most famous names in the gaming industry, LuckyClub.lv has grown to become one of the leading casino operators in the

    BalasHapus

ShareThis